Eksistensi lan Wibawaning Basa Jawa

Ilustrasi literasi Bahasa

Basa Jawa menika boten namung pinangka piranti komunikasi utawi pasrawungan saben dinten, nanging ugi minangka simbol kabudayan lan kaca benggala wewelementan (karakter) masarakat Jawa. Basa Jawa gadhah tatanan ingkang adiluhung, ingkang dipunwastani unggah-ungguh basa. Tatanan menika dipunpérang dados ragam Ngoko lan Krama. Kanthi wontenipun unggah-ungguh menika, tiyang Jawi dipunajab saged ngetrapaken raos urmat, Andhap Asor (rendah hati), lan tepa slira dhumateng sesami.

Miturut sujarahipun, Basa Jawa sampun dipunginakaken atusan taun kepengkur, wiwit saking jaman Kraton Mataram Kuna ngantos dumugi jaman modhern menika. Boten namung awujud lisan, Basa Jawa ugi kawentar mawi seratan ngginakaken Aksara Jawa (Hanacaraka). Aksara menika boten namung urutan abjad, nanging ngemu filosofi gesang ingkang lebet ngengingi kamanungsan, takdir, lan Gusti Ingkang Maha Kuwasa.

Nanging, ing era globalisasi lan dhigitalisasi menika, Basa Jawa ngadhepi tantangan ingkang ageng. Kathah para mudha ingkang wiwit kesupen kaliyan basanipun piyambak. Supados Basa Jawa boten cures (punah), para siswa SMA nggadhahi peran ingkang wigati sanget. Nguri-uri Basa Jawa saged dipunwiwiti saking perkawis ingkang alit, kados ta ngginakaken Basa Krama nalika matur dhumateng tiyang sepuh lan dwija (guru), sarta maos literasi mawi Basa Jawa. Kanthi mekaten, Basa Jawa tetep lestari lan ngrembaka ngadhepi jaman.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *