Kemajuan teknologi ing jaman saiki wis ngowahi cara uripe manungsa, kalebu para mudha utawa generasi Z. Kabeh informasi bisa diakses kanthi gampang mung liwat ponsel pinter. Nanging, ing tengahing arus globalisasi iki, budaya lokal kaya dene basa lan tradisi Jawa kerep dianggep kuno lan kurang narik kawigaten. Akeh bocah enom sing luwih bangga nganggo basa asing tinimbang basa ibune dhewe.
Sejatine, teknologi digital dudu mung dadi ancaman, nanging uga bisa dadi sarana kanggo nglestarekake budaya Jawa. Saiki wis akeh kreator konten enom sing nggawe video cekak ing media sosial nganggo basa Jawa kang kreatif lan lucu. Kajaba iku, aksara Jawa uga wis bisa diketik ing komputer utawa ponsel kanthi gampang lumantar aplikasi keyboard aksara Jawa.
Mula saka iku, para siswa SMA minangka generasi penerus bangsa nduweni peran penting. Nguri-uri kabudayan ora kudu kanthi cara sing abot. Cukup diwiwiti saka pakulinan saben dina, kayata nganggo unggah-ungguh basa sing trep nalika matur marang wong tuwa lan guru, sarta ora isin nggunakake basa Jawa ing pasrawungan. Yen dudu generasi mudha

Tinggalkan Balasan